Unggah-Ungguh lan Undha Usuk Basa Jawa

Basa Jawa tansah ngugemi unggah-ungguh basa, iki sing mbedakake basa Jawa klawan basa Liyane. Undha usuk basa Jawa diperang kaya ing ngisor iki: 

Basa Ngoko 

1. Ngoko lugu
Ngoko lugu yaiku basa ngoko sing ora kecampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing diajakpacaturan, wuwuhane tetep ngoko, sipate rumaket utawa akrab.

Penganggone: 

Dienggo dening sapadha-padha kang wis kulina.

Dienggo ndhuwuran marang andhahan.

Dienggo wong kang wis tuwa marang sing enom, kayata: wong tuwa marang anake, guru marang muride, eyang marang putune, lan sapanunggalane.

Tuladha: 

Kowe gelem turu kene, Mbak?

Kowe sesuk apa sida lunga?

Kowe ditukokake jajan pasar?


2. Ngoko alus
Ngoko alus yaiku basa ngoko sing kecampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing diajak pacaturan, krama ingghil khusus kanggo wong liya, wuwuhan tetep wuwuhan ngoko, tembung kowe dadi panjenengan.


Penganggone: 

Sedulur enom marang sedulur tuwa.

Wong sing kaprenah tuwa marang wong enom sing drajade luwih dhuwur.

Ibu marang bapak sing wis kulina nganggo basa ngoko.

Tuladha: 

Panjenengan kersa sare kene Mbak?

Panjenengan sesuk apa sida tindak?

Panjenengan dipundhutake jajan pasar?


Pangeling:

Sing dikramakake ing basa ngoko alus yaiku: 

1. Tembung sesulih purusa II (kata ganti orang ke-2) lan tembung kriya. 

2. Tembung kriya sing dikramakake, ater-ater (awalan) lan panambang (akhiran) tetep ngoko. 



Basa Krama

Basa krama diperang dadi loro, yaiku: 

1. Krama lugu
Basa krama lugu yaiku basa krama sing tembung-tembunge lugu lan ora kecampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing diajak pacaturan, tembung kowe dadi sampeyan, tembung aku dadi kula.

Penganggone: Marang wong sadrajad sing durung raket (durung akrab). 

Tuladha: 

Sampeyan purun tilem mriki Mbak?

Sampeyan benjing menapa tamtu kesah?

Sampeyan dipuntumbasaken jajan pasar?

2.   Krama alus
Basa krama alus yaiku basa krama sig tembung-tembunge alus lan kecampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing diajak pacaturan. 

Penganggone: 

Wong enom marang wong tuwa

Anak marang bapak utawa ibune

Putu marang eyang utawa simbahe

Ponakan marang pakdhe utawa budhene, lan sapanunggalane

Marang wong sing luwih dhuwir drajade

Murid marang gurune.

Andhahan marang pimpinane.

Abdi utawa rewang marang juragane, lan sapanunggalane.

Tuladhane: 

Panjenengan kersa sare mriki Mbak?

Panjenengan benjing menapa tamtu tindak?

Panjenengan dipunpundhutaken jajan pasar?


Se  Semaken lan wacanen pethilan cerka ing ngisor iki!

“Ngingah Ayam”

Bapakku yaiku peternak ayam terkenal ing desoku. 

Bapak gadah kandang ayam katah ing mburi omah. Kandang ayam nek mburi omah kabehe ono 5, saben tiap-tiap kandang nduwe  ukuran 5 x 6 meter ingkag kuat nampung ayam sing jumlahe 50 ekor.

Saben esuk aku mbantu bapak menehi pakan lan ngombe gawe ayam supoyo gelis gede lan payu larang. Pakan ayam sing biasa digunakne ono berbagai macem, kadang dipakani beras, jagung, utowo dedak.